Rabu, 27 Agustus 2008
TULADHA NULIS PENGALAMAN
MENYANG KEBUN BINATANG SURABAYA
KESASAR MENYANG GOT
Dening : Sunardi, Tarik
Srengenge saka wetan wus cumlarat ngatonake cahyane. Manuk cendhet ing ngarep omah ora ana lerene anggone ngoceh. Bebek, menthog, pitik pating gleber padha metu saka kandhange, mratandhani menawa dina kang endah bakal kawiwitan.
Dina iku dina Setu wayah preinan sekolah. Aku lan adhiku wus ngrancang arep dolan menyang Surabaya. Seminggu kepungkur aku wis matur karo Bapak lan Ibu menawa arep menyang Surabaya. Suwe rasane nunggu kondure Bapak saka kantor. Dina Setu, kaya biasane bapak ngasta mung setengah ari. Mengko jam 12 awan bapak kondur.
”Mas…mas bapak wis kondur” pambengoke adhiku ngandhani menawa Bapak wis kondur. ”Iya… sing sabar ben dhahar lan ngaso dhisik” jawabku karo nyawisake unjukane Bapak. ”Tase Bapak ya digawakke to dhik, mosok mung disawang wae !” Prentahku. Tanpa sumaur dhik Toni terus mlayu marani Bapak ”Pundi Pak tasipun kula betane” kandhane dhik Toni karo nyandhak tas sing diasta Bapak digawa mlayu mlebu omah karo jingkrak-jingkrak sajak girang.
Wis sawetara wektu Bapak kondur, jam tembok wis muni kaping loro nuduhake wektu iku wis jam loro awan. ”Jare kowe karo adhimu arep menyang Surabaya Ndra ?” pitakone Bapak. ”Inggih Pak, kados ingkang kula aturaken seminggu kepengker.” Sumaurku.”Yo wis, ayo dak terake menyang Bakalan, karo sisan aku tak telpon Pakdhemu, mengko ben disusul ing Bungurasih” ngendikane Bapak.
Jam setengah telu sore aku karo dhik Toni digonceng Bapak nitih sepedha Mega Pro saka Kemuning, Tarik menyang Bakalan. Watara limang menit aku ana ing prapatan Bakalan dikancani Bapak, saka kulon katon bis Sumber Kencono jurusan Yogya-Surabaya. Kebeneran ing prapatan Bakalan pas ngedhunake penumpang. Aku lan adhik banjur salim karo Bapak,”Kula bidhal rumiyin Pak,.. Assalamualaikum”. Kandhaku karo munggah bis sing ana ing ngarepku. Ora gantalan wektu bis langsung tancep gas, tumuju terminal Bungurasih. Wah kebeneran oleh bis gedhe, bisa luwih cepet tekane, batinku.
Satekane ing Bungurasih, ana ing papan kanggo mudhun penumpang, Pakdhe wis nunggu. Aku lan adhik tumuju marang Pakdhe sing wis nunggu. Sawise salim lan nakokake kabar keslametan aku diajak tumuju papan parkir kendharaan. Saka kadohan katon montor Honda CRV werna silver kang isih kinyis-kinyis, wah apike montor iku… batinku karo ndomblong. Ora let suwe Pakdhe ngrogoh sak banjur ngetokake remote ”Thulit..” montor Honda CRV sing dak domblongi mau ngetokake swara. Oo…jebule montor mau kagungane Pakdhe. Aku ora wani takon, mung mbatin… pira ya regane !
”Ayo Ndra… selak dienggo parkir montor liya” ngendikane Pakdhe. Mak tratap aku kaget merga isih ndomblong nyawang montor sing apik iki pranyata kagungane Pakdheku.”I..i..inggih Pakdhe” sumaurku karo kamisosolen.
Ana ing jero montor aku didangu ”Ana apa Ndra.. kok ngalamun?” pitakone Pakdhe. ”Anu..Pakdhe, kendharakanipun Pakdhe sae sanget ! Kula ngantos bingung, gek regane pirooo iki” semaurku sakenane. ”Ora larang kok Ndra… waton kowe gelem sinau sing pinter terus sesuke nyambut gawe sing temen mesthi kowe yo bakal bisa duwe kaya iki. Malah kepara luwih apik” ngandikane Pakdhe. Aku mung bisa manthuk lan ngamini.
Ora krasa montor Honda CRV sing daktumpaki wis tekan ngarep daleme Pakdhe ing Jl. Gaja Mada (Cedhake Makodam Brawijaya). Pancen tujuan utamaku ana ing Kebun Binatang Surabaya, nanging aku nginep dhisik ana daleme Pakdhe. Wah… pancen apik daleme Pakdhe. Perabotane adoh yen dibandhing karo omahku ing Kemuning. Wengi iku aku, aku diutus bubuk ing kamare mas Jono. Empuk tenan kasure, penak tenan… aja-aja aku sesuk molor tangine, kepenaken. Ah muga-muga aja nganti kawanan anggonku tangi, isin karo Pakdhe lan Budhe.
Esuk jam papat aku wis tangi. Sawise Sholat Subuh aku mlaku-mlaku ana ing lapangan Makodam, dhasare dina iku dina Minggu swasane nyenengake. Akeh wong kang padha mlaku-mlaku, hawane seger, ing sakiwa tengene bisa sinawang para serdhadhu kang lagi padha siaga, siap nampa prentah saka atasane.
Rumangsa wis cukup anggonku mlaku-mlaku aku karo adhiku enggal bali menyang daleme Pakdhe. ”Ayo enggal adus terus sarapan, jarene mengko arep menyang Kebun Binatang !” ngendikane Budhe sinambi nyiapake sarapan. ”Inggih Budhe” sumaurku karo manthuk lan nyaut andhuk tumuju menyang jedhing saperlu adus. Gebyar-gebyur anggonku adus krasa seger ora mentas-mentas saka jedhing nganti adhiku bengok-bengok ”Ayo Mas gentenan, selak risi lho awakku” panyapane adhiku supaya aku enggal metu saka jedhing. ”Iya, sabar aku dak andhukan dhisik” sumaurku.
Adhiku genten adus, sawetara iku aku ganti klambi lan nyepakake ubarampe kang bakal digawa menyang Kebun Binatang. Ora let suwe adhiku wis rampung anggone adus lan ganti klambi.
Saka kamar sacedhake pawon keprungu swarane Pakdhe nimbali ”Ndra… Indra… Ayo kene adhine ndang diajak sarapan, wis disiapake Budhe iki lho ayo maem bareng – bareng !” Pangajake Pakdhe. ”Inggih Pakdhe…sekedhap nengga adhik taksih sisiran” sumaurku karo ngajak adhik tumuju meja dhahar.
Sadurunge dhahar, Pakdhe ngendika marang dhik Toni kang isih kelas lima SD ”Ton, yen menyang Kebun Binatang aja lali nggawa cathetan ! Coba aku mengko cathetna kewan apa wae kang kagolong Reptil, mamalia, lan unggas. Menawa cathetanmu iku bener, saben kewan siji dak paringi dhuwit Rp. 500,00” ngendikane Pakdhe. ”Saestu Pakdhe ?” Pitakone dhik Toni. ”Yo tenan to Le, mosok Pakdhe arep ngapusi, ayo saiki maem dhisik, mengko selak kawanan lho !” Pangajake Pakdhe karo miwiti mundhut dhahar.
Esuk iku Budhe nyiapake sarapan pecel, lawuhe endhog ceplok, empal, iwak asin, peyek lan krupuk puli. Wah enak tenan, dhasar weteng luwe saka mlaku-mlaku, anggonku maem entek akeh. Semono uga dhik Toni. ”Ayo tanduk ! nang kana mengko ora ana wong dodol lho !” Pangajake Pakdhe. ”Sampun Pakdhe, sampun wareg. Malah telas kathah niki wau.” Sumaurku karo mesem sarta nyawang dhik Toni kang isih sengkut anggone maem.
”Kriiing…kriiing” swarane telepon mecah swasana. Pranyata telpon kanggo Pakdhe saka atasane. Sawise nampani telpon Pakdhe ndangu aku ”Ndra.. Indra”. ”Dalem Pakdhe” sumaurku.”Ngene Ndra…iki Pakdhe ana tugas kang kudu dakrampungake wektu iki uga. Kowe rak wani to, menyang kebun Binatang karo adhimu ? mengko ben digolekake becak yu Nem” andharane Pakdhe. ”Wantun Pakdhe ampun kuwatos, kula sampun kaping tiga dateng Kebun Binatang kok,” kandhaku. ”Yo wis yen ngono, Pakdhe tak budhal dhisik ya, iki sangune mengko kanggo numpak becak !” Pakdhe ngrogoh sak banjur aku diulungi dhuwit eketan ewu telu. ”Matur nuwun Pakdhe sugeng tindak !” aturku marang Pakdhe.
Sidane jam sanga esuk aku budhal menyang Kebun Binatang Surabaya numpak becak karo adhiku. Ndilalah sing nyetir becak asli Medura, dadi aku ora bisa komunikasi lancer karo dheweke. Anggone nggenjot becake banter banget nyebabake aku lan adhiku wedi banget. Apa maneh ana ing Surabaya kendharaan samono akehe, dalan macet iku wis saben dinane amarga kakehan kendharaan.
Ing salah sawijining tikungan, krana becakku digenjot banter, ban sisih tengen nganti ngangkat. Aku karo adhiku njerit sakayange. ”Alon Cak…Alon Cak” kandhaku marang tukang becak iku. Amarga sing nyetir becak iku wong saka Medura lagi wae ing Surabaya, ora ngerti apa sing dak karepake. Ee….malah mlumpat mudhun saka becake (aloncak iku basa Medura kang tegese ing basa Jawa mlumpato, Bahasa Indonesia : meloncatlah ! ) wusanane becak sing dak tumpangi nubruk bates dalan lan aku karo adhiku mumplek ana ing got sacedhake Kebun Binatang Surabaya.
Ee..alah karepe arep seneng-seneng menyang Kebun Binatang Surabaya malah kesasar ing jero Got cedhake Kebun Binatang Surabaya. Slamete aku karo adhiku ora nganti tatu kang nguwatirake. Krana panganggoku reged kabeh aku ora sida nerusake menyang Kebun Binatang, bali menyang daleme Pakdhe kanthi klambi rusuh lan tangan kiwaku ditembel tensoplas dening para warga kang ndeleng kedadeyan sing dak alami karo adhiku.

Selasa, 26 Agustus 2008
PETUNJUK
Kanggo siswa SMPN 1 Tarik :
Sinaonana tembang Macapat kang cacahe ana 11 iku !
Carane bisa sinau dhewe ana ing omah, menawa durung bisa wektu sinau karo pak Nardi ing sekolah. Yaiku kanthi nyetel VCD tembang Macapat sing ditembangake pak Nardi dhewe ana ing omah lan coba nirokake titi laras lan cakepane.
Kanthi mangkono mesthi bocah-bocah bakal bisa nembang tembang Macapat kang cacahe ana 11 iku mau.
Cathetan kanggo bocah kelas IX SMPN 1 Tarik :
1. Ujian Praktik Basa Jawa tahun pelajaran 2008-2009 nembang Macapat.
2. Para siswa wajib bisa nembang tembang Macapat kang cacahe ana 11 iku
3. Ujian nembang Macapat kanthi cara njupuk undian cacah telu kang undian
mau isi tembang Macapat, tembang iku kudu ditembangake.
Tak kira cukup iku kang dak wedhar ing kene, muga-muga para siswa bisa lulus kabeh kanthi biji kang mongkokake penggalih. Amin.
Sidoarjo, Agustus 2008
Pak Nardi

PAK SUNARDI
Riwayat Sunardi
Lahir di Kabupaten Bantul, Yogykarta tahun 1968.
Sekolah Dasar Panjangrejo I, lulus tahun 1981.
Sekolah Menengah Pertama Panjangrejo, lulus tahun 1981.
SMA Negeri 18 Surabaya, lulus tahun 1987.
IKIP Surabaya, lulus tahun 1992.
Mengajar di SMP Kemala Bhayangkari I Surabaya tahun 1993 s/d 2005.
Mengajar di SMP Negeri 1 Tarik, Sidoarjo, Tahun 2005 Sampai sekarang.

Langganan:
Postingan (Atom)